90 likes | 231 Views
7 ANASIR MICARA. 1. PAMICARA ( speaker ). Ugi sinebat sumber (sumbering informasi) Tugasipun damel ide, imajinasi , ing pikir lajeng ( encode ) dipunwahyakaken dhumateng pamiyarsa.
E N D
7 ANASIR MICARA
1. PAMICARA (speaker) • Ugi sinebat sumber (sumbering informasi) • Tugasipun damel ide, imajinasi, ing pikir lajeng (encode) dipunwahyakaken dhumateng pamiyarsa. • Pamicara ugi saged ngginakaken daya panyengkuyung wicara kadosta ebahing sarira (gesture), sound system, property (alat, media) • Wicara tewajuh (efektif) menawi gampil katampi dening pamireng • Diksi • Topik trep kaliyan audien
2. Pamiyarsa (receiver) • Panampi informasi • Tugasipun: nampi informasi (decode) ingkang dipunkinten dening pamicara kanthi wicara verbal menapa dene non-verbal. • Suraosipun kedah sami ingkang kajengajen pamicara. Menawi boten sami tegesipun menapa?
Kawegigan panampi informasi gumantung (a) pengalaman (b) informasi saderengipun (background knowledge) (c) pamanggih (sikap) (d) kapitadosan (e) bobot (value) (f) minat (g) interest
3. Isi (message) • Menapa ingkang dipunwahyakaken • Kados pundi caranipun mahyakaken • Saged kemawon salah tampi (slenco) • Pamiyarsa saged kecalan kontak netra, beda pamanggih, saha bingung. • Pamiyarsa saged kecalab saperangan informasi (distortion) Kados pundi supados informasi menika pas?
4. Sarana (channel) • Lisan (auditory) • Tinulis (visual) • Pemiyarsa ningali pamicara (guwaya, netra, ebahing sarira, dedeg piadeg, busana) • Pamicara saged ngginakaken alat kados grafik, model/conto, gambar, • Kekiyataning suwanten (voice power)
5. Tanggapan (feedback) • Minangka sarana wawan rembag (interactional process). • Nyocokaken informasi • Pitaken • Nodi • Usul • Pamrayogi • Panyaruwe
6. Sasana & Suwasana (context) • Papan • Kahanan (resmi/formal, utawi lelahanan) • Wekdal (siang, sonten, dalu) • Suasana • Hawa (asrep, benter)
7. Gangguan suwanten (noise) • Suwanten ingkang ngganggu pamireng • Gangguan suwanten sound system • Suwanten AC • Suwanten kendaraan • Jawah • Angin, lsp.