100 likes | 248 Views
Kidung 17. Masmur 68. Masmur 68. Bumi nganggoa suka bungah Pujimu mring Gusti Allah Asmane kang suci pujinen Akanthi larasing kawat Padha munjuka marang Allah "Elok sapakaryan Tuwan" Wit saking gunging kwasa Tuwan Mengsah badhe sami wirang. 2. Sajagad badhe sami sujud
E N D
Kidung 17 Masmur 68
Masmur 68 Bumi nganggoa suka bungah Pujimu mring Gusti Allah Asmane kang suci pujinen Akanthi larasing kawat Padha munjuka marang Allah "Elok sapakaryan Tuwan" Wit saking gunging kwasa Tuwan Mengsah badhe sami wirang
2. Sajagad badhe sami sujud Dhuh Allah, neng ngarsa Tuwan Kaliyan ngungelaken kawat Ngidhungaken puji Tuwan Para bangsa majua mawang Pangrehe Allah kang elok Paniksane anggegirisi Marang anaking manusa
3. Wong padha nyabrang ing bengawan Segara dadi dharatan Ing kono padha suka rena Wit pakaryane Pangeran Langgeng paisesane Allah Kwasane tanpa wangenan Pra umat aja ambalila Aja ngluhurake badan
4. Eh, para bangsa, Allah kita Padha saosana puji Lan kaluhurane suwurna ! Nyawa kita den uripi Tan marengake sikil kita Anggloyora nganti tiba Allah ngreksa marang umate Mila pinuji-pujia
5. Dhuh Allah, Tuwan sampun nyoba Dumateng abdi Paduka Sampun Tuwan besot lir slaka Sami ngraosken sangsara Kawula ketindhihan tiyang Tumungkul sirah kawula Sarta kawula ngantos dhawah Ing latu miwah ing toya
6. Samangke Tuwan nguwalaken Abdi Tuwan ing omberan Nyawa kawula saged ayem Mlebet dhateng dalem Tuwan Kawula badhe angluwari Punagi kula mring Tuwan Ingkang kawula ucapaken Ing waktuning karibedan
7. Kawula badhe nyaosaken Kurban amba dhateng Tuwan Menda lembu den aturaken Dhateng padaleman Tuwan Eh wong kang ngabekti mring Allah Padha majua, ngrungokna Dakcaritani kasaenan Kang saka Allah mring kula
8. Pangangen-angen mring duraka Yen ketemu ing atiku Mesthi Allah tan myarsakaken Pasambat lan panyuwunku Nanging sanyatane Pangeran Anilingake swaraku Pinuji-pujia Yehuwah Kang tan nampik pandongaku