720 likes | 2.69k Views
UNGGAH – UNGGUH BASA JAWA. Presented By : Prasetyo Adi Tunggal, S.Pd. Undha usuking basa Jawa. Kaperang dadi lima (5) : Basa Ngoko . Basa Madya . Basa Krama . Basa Kedhaton / Bagongan . Basa Kasar. Basa Ngoko. Basa Ngoko kaperang dadi : Ngoko Lugu. Ngoko Andhap.
E N D
UNGGAH – UNGGUHBASA JAWA Presented By : Prasetyo Adi Tunggal, S.Pd
Undha usuking basa Jawa Kaperangdadi lima (5) : BasaNgoko. BasaMadya. BasaKrama. BasaKedhaton/Bagongan. BasaKasar.
Basa Ngoko Basa Ngoko kaperang dadi : Ngoko Lugu. Ngoko Andhap. Ngoko Andhap kaperang dadi : Antya Basa. Basa Antya.
Basa Madya Basa Madya Kaperang dadi : Madya Ngoko. Madyantara. Madya Krama.
Basa Krama Basa Krama kaperang dadi : Kramantara. Mudha Krama. Wredha Krama. Krama Inggil. Krama Desa.
Basa Kedhaton(Kraton Surakarta Hadiningrat) Basa Bagongan (Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat)
Basa NgokoA. Ngoko LuguBasa Ngoko Lugu iku wujud tembunge ngoko, ora ana tembung kramane.Dene yen ana tembung kramane, mung kanggo wong sing digunem wae.
Basa Ngoko Lugu mau kanggo : Marang sapepadha-padha kang wis kulina banget. Marang wong kang kaprenah enom utawa sor-sorane. Marang bocah kang luwih cilik kang durung bisa guneman ganep. Yen lagi ngunandika (nguda rasa).
B. Ngoko AndhapBasa Ngoko Andhap iku basa kang luwih alus sarta luwih ngajeni.
Wujude basa Ngoko Andhap : Marang wong sing diajak guneman (yen dirasa kurang ngajeni), Basane sok dicampur nganggo tembung saka basa Krama Inggil/Krama.
Basa Ngoko Andhap bisa diperang dadi : 1. Antya Basa : Wujude tembung mung Ngoko lan Krama Inggil. Basa Antya : Wujud tembunge Ngoko, Krama Ing-gil, lan Krama.
Tuladha : Antya Basa : Mas, aku nyuwun ngampil kagungane buku sawengi wae. Basa Antya : Mas, aku ora bisa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kajaba mung bisa ndherek muji rahayu, muga-muga panjenengan saged remen lan saged ngangsu kawruh ingkang migunani tumrap bangsa lan negari.
Tembung-tembung sing ora kena dikramakake ana ing Basa Antya yaiku : aku, ana, apa, …ake, arep, bae, dak…, si…, dudu, durung, marang, enggon, endi, …e, mi, iya, isih, maneh, mung, marang, menyang, manawa, marga, mengko, mangkene, mangkono, …mau, …ne, nganti, ora, pira, sing, saiki, saprene, semene, utawa, lan wis.
Basa Ngoko Andhap kanggo : Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur derajade. Bojone priyayi marang garwane. Priyayi marang priyayi yen wis kulina Ngoko-ngokonan.
Basa Madya :Basa Madya iku basa kang ana ing antarane basa Ngoko lan basa Krama.Wujude basa Madya yaiku : tembung Madya dicampur tembung Ngoko utawa tembung Krama.
Manut wujude basa Madya kaperang dadi : Madya Ngoko Φ Madya (ater-ater lan panambange Ngoko). Φ Tembung-tembunge Ngoko. Φ Dika, mang, samang.
Basa Madya Ngoko iku lumrahe kanggo : Bakul padha bakul. Priyayi marang sor-sorane. Tuladha : Dika niku klebu beja, olehe panen pari boten enten sing gabug, samang napake ta ?
B. MadyantaraBasa Madyantara iku wujud tembunge : 1. Madya (ater-ater lan panambange ngoko). 2. Ngoko. 3. Kang slira (sampeyan), pangkate, sesebutan (paprenahan).
Sing nganggo basa Madyantara : Padha-padha priyayi sing wis kulina. Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kebajut Ngoko). Priyayi marang sanake tuwa kang luwih asor.
Tuladha : Sampeyan niku pripun ta mas, Seprika-sepriki kok boten enten sudane.
C. Madya KramaBasa Madya Krama iku wujud tembunge : Madya (ater-ater lan panambange ngoko ). Tembunge Krama lan Krama Inggil. Sampeyan, pangkat, sesebutan lan paprenahan.
Sing nganggo basa Madya Krama : Padha-padha priyayi sing wis kulina. Bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kebajut ngoko).
Tuladha : Mas, timbangane sampeyan nggresula ngoten niku, bok luwung ngenggar-enggar penggalih lan nyeyuwun teng Pangeran, mugi-mugi pinaringan gesang mulya, tentrem boten wonten sambikala.
Basa Krama :Basa Krama iku basa kang ngajeni marang wong liya kang diajak guneman.Basa Krama Kaperang dadi 3.
A. KramantaraBasa Kramantara iku wujud tembunge Krama Lugu tanpa nganggo Krama Inggil. Kanggone : Tumrap sapadha-padha, utawa priyayi kang rumangsa menang drajade karo sing diajak guneman.
Tuladha : Mangga sami dipun manah, punapa sebabipun dene wonten bangsa kita, ingkang dereng saged nata gesangipun piyambak.
B. Basa Mudha KramaSing nganggo basa Mudha Krama yaiku : Wong enom marang wong tuwa. Batur marang bendarane (sing dudu darah ngaluhur). Kanca padha kanca sing durung kulina. Reh-rehan marang pimpinane (sing dudu darah ngaluhur).
Wujude basa Mudha Krama :1. Tembunge Krama (ater-ater lan Panambange Krama).2. Krama Inggil (tumrap wong sing diajak guneman). Tuladha : Kala wingi anggen kula ngentosi panjenengan ngantos dangu, nanging boten rawuh-rawuh.
C. Wredha Krama Basa Wredha Krama iku wujud tembunge : Krama (ater-ater lan panambange Ngoko). Tanpa Krama Inggil (tumrap wong sing diajak guneman).
Sing nganggo basa Wredha Krama yaiku : Wong tuwa marang wong enom. Wong tuwa marang sapepadhane. Tuladha : Prayogane nak, sampeyan kedah gadhah gegayuhan ingkang luhur, supados benjinge boten kacuwan, amargi tiyang sepuh boten kenging dijagegaken selami-lamine.
Krama Inggil :Basa Krama Inggil iku basa kang ngajeni banget (kaya dene basa Mudha Krama). Wujud tembunge : Panambang mu, ewah dadi dalem utawa kagungan dalem. Tembung aku, ewah dadi abdi dalemkawula, abdi dalem, adalem, dalem, kawula, utawa ingkang abdi.
Kowe ewah dadi panjenengan dalem (sampeyan dalem mung kanggo para nata/ratu). Tuladhane : Abdi dalem keparenga munjuk atur, mugi wontena karsa dalem tindak nitih montor miyos dusun Nglaba kemawon, amargi kreteg Kaliwingan nembe rusak.
Krama DesaKrama Desa iku dudu basa kang alus. Wujud tembunge ana sing meh padha karo basa Krama (tembung Krama dikramakake maneh), ana sing nganggo tembung Krama Inggil utawa tembung Kawi. Tuladha : Pasiten kula, kula dhawuhi watesan nanging boten ngekap amargi kekhatahen jawahe, boten kados mangsa ketigen.
Basa KedhatonBasa Kedhaton iku basane para sentana utawa abdining nata, yen lagi padha guneman ana ing sajroning cepuri utawa ana ing ngarsane Sang Nata/Ratu (Pangeran Adipati Anom).
Basa Kasaryaiku basane wong kang lagi pada srengen, padu, utawa basane wong sing lagi nesu. Tuladha : Kowe kuwi kok goblog kaya kebo, nggarap ngono wae ora jegos, utekmu kuwi kebuntel lethong apa piye ?!